Nama:Reka Dona Savita Nugraini
Kelas:VIIIA
No:22
Kanggo Adhiku
Rinanda Dyo
Jalan.Imam Bonjol VII/20
Kedung Waru,Tulungagung
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Kahanane
Mbakyumu lan Bapa ,Biyung ing Kediri tansah diparingi nugraha saka Gusti Allah
SWT.Semono uga daksuwun kahananmu lan Mbah Putri ing Kedung Waru iki tansah
raharja ora kurang siji apa.
Dhik ,yen
awakmu ora repot,suk tanggal 29 Desember 2012 dolana menyang Kediri.Ora perlu
mikir sangu lan kanca,aku tanggal 28 Desember 2012 arep sowan marang Mbah
Putri.Sesukke,awakmu dak cangking pisan menyang Kediri,Bapa lan Biyung wis
kangen marang sliramu.Sakweruhku tanggal kuwi sekolahmu kan wis prei nganti 2 minggu.Mengko kowe dakjak ngrasakne
swasana tahun baru ning Kediri.
Wasana
cukup samene dhisik kabar saka aku,liya dina disambung maneh.Layang balesanmu
tansah daktunggu,mulane enggal balesana!
Wassalamu’alaikum
Wr.Wb.
Kediri,9
Desember 2012
Saka
Mbakyumu
Ttd
Mbakyumu
Reka Dona
Tidak ada komentar:
Posting Komentar